sesantine sekar tarate ing satengahing sendhang. jebeng kang angas jajanira. sapa kang bakal hangentasake raganipun. yen dede awak mami satuhu. mligi, sajroning rong ingkang karungkep sepining ati. sawangen sakdhuwuring awang-awang. ana wisik kasuwuk pucuking wening, kagawa lumakuning samirana. pujangga, sapa ta sajatining sira, sajatining ingsun?
jebeng megap-megap katelasan hawa. dhadhanya kawiyak kabeleh lading kawaskithan. ludiranipun pethak kadulu.
Tinggalkan Balasan