: Diah Hadaning
“ana dhiyan den cipta ing pucuk wening,
ana purbani lestari ing langit yuswa,
kabeh saking kersaning allah”
netra branang ngupadi thelenging cahya
sajroning mustaka
cahya ijo maya mekar wingit
jroning kalbu
dados sekar lukita
kaya rikma kang kadudut
jatining diri angslup ing tirta telaga
surya singup tanpi sunar
sotya isih dalu
dede raina
surya lan telaga
amung sawiji uga
jer pracaya
mring ukara
2003

Tinggalkan Balasan