lungrah rasa manah
nglungka dening mangsa ketiga
aking
kinaya kingkin ratri tanpa purnama
pedhut ing jroning jaja
sumuleg ngupaya marga
mrucut medal raga
ananging tan ana lawang binuka
kabeh kinancing hawa
abanging ambeg rah
lelimengan:
raina kaya dalu
netra bang
branang
mawa
2003 Masehi

Tinggalkan Balasan