1.
yen ana watu kang tiba
jroning sumur jroning dhadha
swarane kaya lindhu wanci dalu
kaya adhem ketiga bengi
angine anggreges tekan balung
samono rasane ngungun
kaya pring wulung kang sinigar
ing jero bumbung, aranmu
kababar pucuking redi
Merapi jeron jangga
unjal ambeg tan kendhat
kalungan dunga
2.
sekar kang mijil
mangsa ketiga jiwa
sih Manon kang kawedhar
resi badhar tapane
pulung kang pinangku
kaya wus teka wancine

Tinggalkan Balasan