sumelanging kalbu tan kaya ambanging kayu
sumpena kang reridu angsluping dalu
nora kaya geguritan kang kaanggit
reroncen lintang dalu sumebar
kaya wiji winih tinebar
pinesthening manon
kababar jroning
impenmu
wanci surup puniki
kaya memedi kang nyambang ratri
ambegal guru lagu wilanganing serat
kang tinembang saklebeting ngimpi
(jaja iki
sanes garba waskithaning resi)
2003 M

Tinggalkan Balasan