lumantar wisik sore
luh-mu dadi tetembangan garengpung
koyo-koyo mangsa ketiga enggal rampung
wis mesthi cemara ngundhuh sriti
nandang jejibahan pinasti
aku lan sira ngancik pakarti
urip mung mampir gemati
cukup dadi lakumu
ngrumat landheping kawaskitan
nyerat sakabehing kahanan
lingsir wengi tak antu-antu.
020903

Tinggalkan Balasan